Menyang kontèn

Abdoel Moeis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Abdoel Moeis
Abdoel Moeis
Bangsa Indhonésia
Karya gedhéSalah Asuhan
Pertemuan Jodoh
Surapati Robert
Anak Surapati

Abdoel Moeis (lair ing Kali Puar, Agam, Sumatra Kulon, 3 Juli 1883 – séda ing Bandung, Jawa Kulon, 17 Juni 1959) ya iku sastrawan, pulitikus, lan wartawan Indonésia. Panjenengané iku pangurusé Sarékat Islam uga tau dadi anggota Volksraad makili organisasi iku. Abdul Muis dinobataké dadi Pahlawan Nasional Indonésia kang pisanan déning Présidhèn RI, Soekarno, nalika tanggal 30 Agustus 1959[1].

Latar Wuri

[besut | besut sumber]

Abdul Muis iku wong Minangkabau, putrané Datuk Tumangguang Sutan Sulaiman. Bapaké iku demang sing nentang kabijakan Walanda ing dataran dhuwur Agam. Sarampungé ing ELS, Abdul Muis nrusake sekolahé ing Stovia (sekolah kadhokteran, saiki dadi Fakultas Kedhokteran Universitas Indonésia), Jakarta.[2] Amarga lara, panjenengané ora nrusaké sekolahé ing kana.

Pagawéan

[besut | besut sumber]

Dhèwèké magang ana Departemen van Onderwijs en Eredienst, sawijining departemen kang dipanggedhèni Abendanon.[3] Ing 1903, dhèwèké diangkat dadi klerk ing departemen kuwi amarga wasis basa Landa.[3] Ing 1905, dhèwèké metu amarga ora disenengi punggawa-punggawa Landa, amarga sipat patriotik kang ditontonaké ana ngarep punggawa Landa.[3]

Abdoel Moeis ditampa dadi korèktor ing kantor harian De Preanger Bode ana Bandung.[3] Amarga kawasisané basa Landa, dhèwèké diangat dadi hoofdcorrector.[3]

Organisasi

[besut | besut sumber]

Abdoel Moeis kacathet minangka anggota Serikat Islam kang dipanggedhèni Haji Oemar Said Tjokroaminoto.[3] Dhèwèké diprecaya dadi pamimpin rédhaksi ariwarta Kaum Muda, terbitan Serikat Islam ana Bandung.[3] Ana ariwarta iku, dhèwèké akèh nulis nganggo jeneng sandhi "A. M.".[3]

Ana Serikat Islam kuwi, dhèwèé gemati anggoné obah ngéntukaké otonomi kang luwih amba kanggo Hindia sasuwéné Perang Donya 1.[3] Ing taun 1917, dhèwèké kunjung nèng Landa minangka anggota wakil Commite Indie Weerbaar (Panitia Pertahanan Hindia).[3] Baliné saka Landa, dhèwèké ora nemoni manèh ariwarta Kaum Muda amarga wis dibrèdèl.[3] Kanthi usahanè Datuk Tumenggung ana Jakarta, Serikat Islam bisa nerbitaké harian irah-irahan Neratja.[3] Abdoel Moeis mimpin harian kuwi.[3]

Dhèwèké dilantik dadi anggota Volksraad (Dewan Perwakilan Rakyat) kang dibukak kanthi resmi tanggal 18 Mèi 1918.[3] Taun 1923, dhèwèké ninggal Jakarta lan bali menyang Sumatra Kulon amarga ana kadadéan tentangan ing njero Serikat Islam.[3] Ana Sumatra Kulon, dhèwèké nerusaké obahan pulitike.[3] Abdoel Moeis mimpin harian Utusan Melaju lan harian Perobahan kang gigih merangi manéka kabobrokan Landa.[3] Salebaré prastawa taun 1926/1927, dhèwèké ora bébas manèh anggoné pepulitikan.[3] Dhèwèké 'diguwang' nèng Pulo Jawa.[3] Dhèwèké ora bisa nudhuhaké awak ana Serikat Islam.[3] Kawit kuwi, dhèwèkeé nulis novèl-novèl lan nyadur sastra njaba.[3]

Minangka wartawan, dhèwèké akèh nulis berita kanggo manéka médhia massa.[3] Dhèwèké uga nulis babagan pulitik.[3]

  • Salah Asuhan (novèl 1928, difilmaké déning Asrul Sani ing taun 1972), diterjemahaké ing basa Inggris déning Robin Susanto lan dibabaraké kanthi sesirah Never the Twain olèh Lontar Foundation minangka salah siji sèri Modern Library of Indonésia
  • Pertemuan Jodoh (novèl 1933)
  • Surapati (novèl 1950)
  • Robert Anak Surapati (novèl 1953)

Terjemahan

[besut | besut sumber]
  • Don Kisot (karya Cerpasisirs, 1923)
  • Tom Sawyer Anak Amérika (karya Mark Twain, 1928)
  • Sebatang Kara (karya Hector Melot, 1932)
  • Tanah Airku (karya C. Swaan Koopman, 1950)

Amèh saben kutha ing Indonèsia ana dalan karan jeneng Dalan Abdoel Moeis.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. "DAFTAR NAMA PAHLAWAN NASIONAL REPUBLIK INDONESIA" Archived 2012-04-14 at the Wayback Machine.. Surat Dudutan Présidhèn Republik Indonesia No. 218 Tahun 1959, tanggal 30 Agustus 1959
  2. Eneste, Pamusuk (2001). Buku pintar sastra Indonésia: biografi pengarang dan karyanya, kalawarta sastra, penerbit sastra, penerjemah, lembaga sastra, pratélan bebungah dan penghargaan. Jakarta: Penerbit Buku Kompas. ISBN 9799251788. kaca 5
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w Dr. Dendy Sugono, èd. (2003). Ensiklopedia Sastra Indonesia Modern. Bandung: Remaja Rosdakarya Offset. kc. 2-3. ISBN 979-692-283-5.
pFad - Phonifier reborn

Pfad - The Proxy pFad of © 2024 Garber Painting. All rights reserved.

Note: This service is not intended for secure transactions such as banking, social media, email, or purchasing. Use at your own risk. We assume no liability whatsoever for broken pages.


Alternative Proxies:

Alternative Proxy

pFad Proxy

pFad v3 Proxy

pFad v4 Proxy