Menyang kontèn

Paris

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Paris yaiku kutha krajan Prancis lan uga minangka kutha krajan région Île-de-France, kang laladané nyakup kutha Paris sarta laladan pinggirané. Kutha iki sing ndunungi 2.144.700 jiwa (2005). Éwadéné laladan metropolitan Paris utawa Paris Raya duwèni sing ndunungi 11.174.743 jiwa (1999). Paris minangka kutha paling padhet ing Uni Éropa lan kutha metropolitan gedhé dhéwé kaloro ing Éropa (sawisé Moskwa, setara karo London), lan uga kutha metropolitan mawa sing ndunungi paling akèh angka 20 ing donya.

Laladan Paris Metropolitan Raya, kanthi total PDB kang luwih dhuwur tinimbang Brasil utawa Ruslan ing taun 2003, iku punjer kauangan lan bisnis gedhé dhéwé ing Éropa (kalebu London), nampung punjul 30% populasi pegawé kantoran, lan uga punjul 40% saka kantor pusat perusahaan-perusahaan Prancis, kanthi distrik bisnis gedhé dhéwé ing Éropa (La Défense) lan pasar bursa gedhé dhéwé kaloro ing Éropa (Euronext).

Misuwur minangka 'Kutha abyor déning cahya lampu' (la Ville Lumière), Paris dadi jujugan plesiran kawentar wiwit jaman biyèn. Kutha iki dikenal bab arsitèktur wangunané kang éndah, pangaturan kutha lan dalan-dalan gedhéné, lan uga kolèksi musiyum-muséumé. Dibangun ing pinggir kali Seine, kutha iki dipérang dadi rong pérangan: Pinggir Tengen mangalor lan Pinggir Kiwa yang luwih cilik mangidul.

Sdurungé, Paris minangka kutha krajan karajan kang koloniné paling akèh ing limang bawana, wektu iki Paris isih sinebut pusat donya basa Prancis lan njaga posisi kang kuwat ing donya minangka tuan rumah markas besar OECD lan UNESCO. Babagan iki, dijangkepi karo anané kagiyatan keuangan, bisnis, pulitik, lan wisata, wis ndadèkaké Paris minangka salah siji rerangkèn transportasi utama ing donya. New York, London, Tokyo, lan Paris sok sinebut papat kutha utama gedhé dhéwé ing donya.

Géografi

[besut | besut sumber]

Paris dumunung ing saubengé Kali Seine,[1] kalebu loro puloné Île Saint-Louis lan Île de la Cité, kang dadi pérangan tuwa dhéwé kutha iki. Paris dumunung ing tlatah kang warata kanthi elevasi paling cendhèk 35 mèter saka lumahing sagara. Salyané iku, ing Paris uga ana sawatara bukit, kang paling dhuwur yaiku Montmartre kang dhuwuré 130 mèter. Paris nyakup tlatah kang jembaré 86,9 km². Yèn ditambah manèh karo loro taman, yaiku Bois de Boulogne lan Bois de Vincennes kang dilebokaké dadi wewengkon Paris ing taun 1929, jembaré dadi 105,4 km²

Paris duwèni iklim sagara, kadayan déning Arus Atlantik Lor, saéngga suhu ing kutha iki ora tau dhuwur utawa endhèk banget. Suhu rata-rata taunan Paris paling dhuwur 15 °C, paling endhèk 7 °C. Suhu paling dhuwur kang naté kacathet yaiku 40,4 °C ing tanggal 28 Juli 1948 déné kang paling endhèk yaiku-23,9 °C ing tanggal 10 Dhésèmber 1879. Pungkasan iki, Paris ngalami cuaca ekstrim kaya déné anané Gelombang Panas Éropa 2003 lan Gelombang Dingin Éropa 2006

Dhémografi

[besut | besut sumber]
Peta lokasi Paris
Peta lokasi Paris
Perkembangan demografi Paris antara 1801 sampai 1926

1801 1851 1881 1926

547.800 1.053.000 2.240.000 2.871.000

Ana ing sensus taun 1999, sing ndunungi Paris (ora kalebu pinggiran) cacahé 2.125.246 jiwa lan gunggung cacahing sing ndunungi laladan metropolitan ana 11.174.743 jiwa. Angka mau durung tekan titik puncak kaya déné taun 1921 yaiku 2,9 yuta jiwa. Padunung uga wiwit gèsèr menyang laladan pinggiran sarta laladan kutha Paris dhéwé luwih akèh dianggo perkantoran dibandingaké pemukiman.

Objek turisme ing Paris

[besut | besut sumber]
Paris

Kutha Paris minangka kutha turisme. Yutan turis teka ing kutha iki kanggo nikmati suasana kas kutha sarta citrané minangka salah siji pusat seni modèren. Kutha iki uga duwé akèh musiyum kanthi kolèksi wigati. Ing ngisor iki sawatara obyek turisme utama ing Paris:[2]

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]


Lambang Perancis Departemen Prancis Lambang Prancis

Prancis Dharatan:
01 Ain
02 Aisne
03 Allier
04 Alpes-de-Haute-Provence
05 Hautes-Alpes
06 Alpes-Maritimes
07 Ardèche
08 Ardennes
09 Ariège
10 Aube
11 Aude
12 Aveyron
13 Bouches-du-Rhône
14 Calvados
15 Cantal
16 Charente
17 Charente-Maritime
18 Cher
19 Corrèze
2A Corse-du-Sud
2B Haute-Corse
21 Côte-d'Or
22 Côtes-d'Armor
23 Creuse
24 Dordogne
25 Doubs
26 Drôme

27 Eure
28 Eure-et-Loir
29 Finistère
30 Gard
31 Haute-Garonne
32 Gers
33 Gironde
34 Hérault
35 Ille-et-Vilaine
36 Indre
37 Indre-et-Loire
38 Isère
39 Jura
40 Landes
41 Loir-et-Cher
42 Loire
43 Haute-Loire
44 Loire-Atlantique
45 Loiret
46 Lot
47 Lot-et-Garonne
48 Lozère
49 Maine-et-Loire
50 Manche
51 Marne
52 Haute-Marne
53 Mayenne
54 Meurthe-et-Moselle

55 Meuse
56 Morbihan
57 Moselle
58 Nièvre
59 Nord
60 Oise
61 Orne
62 Pas-de-Calais
63 Puy-de-Dôme
64 Pyrénées-Atlantiques
65 Hautes-Pyrénées
66 Pyrénées-Orientales
67 Bas-Rhin
68 Haut-Rhin
69 Rhône - Métropole de Lyon
70 Haute-Saône
71 Saône-et-Loire
72 Sarthe
73 Savoie
74 Haute-Savoie
75 Paris
76 Seine-Maritime
77 Seine-et-Marne
78 Yvelines
79 Deux-Sèvres
80 Somme
81 Tarn
82 Tarn-et-Garonne

83 Var
84 Vaucluse
85 Vendée
86 Vienne
87 Haute-Vienne
88 Vosges
89 Yonne
90 Territoire de Belfort
91 Essonne
92 Hauts-de-Seine
93 Seine-Saint-Denis
94 Val-de-Marne
95 Val-d'Oise

Departemen jaban rangkah:
971 Guadeloupe
972 Martinique
973 Guyane
974 Reunion
976 Mayotte
Komunitas jaban rangkah:
975 Saint-Pierre-et-Miquelon
986 Wallis-et-Futuna
987 Polinesia Prancis (negara sebrang segara)


  1. "Longest River In France | ArrestedWorld". arrestedworld.com (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2020-01-11. Diarsip saka sing asli ing 2021-04-24. Dibukak ing 2021-01-28.
  2. "Tourist attractions in Paris". arrestedworld.com (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2019-03-04. Dibukak ing 2021-01-28.[pranala mati permanèn]
pFad - Phonifier reborn

Pfad - The Proxy pFad of © 2024 Garber Painting. All rights reserved.

Note: This service is not intended for secure transactions such as banking, social media, email, or purchasing. Use at your own risk. We assume no liability whatsoever for broken pages.


Alternative Proxies:

Alternative Proxy

pFad Proxy

pFad v3 Proxy

pFad v4 Proxy