Menyang kontèn

Perseus (mitologi)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Miniatur Perseus lan Andromeda

Perseus punika garwanipun Andromeda lan kalebet legénda saking Mikene lan Dinasti Perseid. Perseus punika pahlawan Yunani [1] kapisan ingkang saged ngalahaken manéka monster ingkang dipunkintun déning déwa-déwa Olimpus. Perseus punika ugi pahlawan Yunani ingkang saged matèni Gorgon, Medusa [2], lan ngrebut Andromeda kanthi nylametaken saking monster sagara ingkang dipunkintun déning Poseidon sang Déwa Laut, nalika Andromeda dados kurban persembahan déning ibunipun Ratu Kassiopeia.

Pagesangan

[besut | besut sumber]

Perseus punika putra saking Danae, putri saking raja Akrisios ing Argos [2]. Miturut ramalan, Akrisios badhé dipunpateni déning putunipun piyambak. Awit saking punika, Akrisios ngurung Danae wonten ing menara supados boten patutan. Nanging Zeus dugi marang Danae awujud pancuran lajeng damel Danae patutan inggih punika Perseus. Magertos bilih putrinipun punika nembé ngandhut, Akrisios mlebetaken Danae lan Perseus wonten ing peti lajeng dipunkenteraken dhateng sagara.

Peti punika lajeng dugi ing Pulo Serifos lan dipunslametaken déning warigaluh kanthi nama Diktis ingkang kalebet sedhèrèkipun Polidektes, raja Serifos. Ing mriku Perseus ageng lajeng Polidektes tresna marang Danae nanging dipunalangi déning Perseus. Ing pungkasan Polidektes damel rencana supados Perseus punika kesah.

Polidektes ngawontenaken pernikahan lan para tamunipun kedah mbeta bebungah, nanging Perseus dugi tanpa mbeta menapa-napa saéngga Polidektes nyebat Perseus punika warigaluh ingkang malesan ugi mlarat. Perseus dukha lan ngandharaken bilih Perseus saged mbeta barang menapa kemawon kanggé Polidektes, lajeng Polidektes paring préntah dhateng Perseus supados mbeta sirahipun Medusa.

Perseus kesah pados sarangipun Medusa. Ing tengahing lelampahipun, dugi dewi Athena (utawi sesarengan kaliyan Hermes ingkang paring pitedah supados madosi para nimfa utara, amargi saged paring Perseus gaman kanggé ngalahaken Medusa. Makluk ingkang mangertos papanipun para nimfa punika namung para Graiai, banjur Perseus tindak dhateng papanipun para Graiai.

Ing papanipun para Graiai, Perseus ngrebut satunggalipun bota mata. Sasampunipun nedahaken papanipun para nimfa banjur Perseus ngonduraken balik bola mata mau. Lajeng Perseus dugi ing papan para nimfa ingkang maringi manéka gaman kados ta sandhal ingkang wonten swiwinipun, kanthong panyimpenan, helm kegelapan, perisai cermin, lan pedhang [2].

Sasammpunipun pikantuk sadaya pirantos punika, Perseus banjur mabur dhateng papan para Gorgon. Nalika dugi ing mriku, Gorgon nemé saré. Perseus lajeng nyelaki Medusa sinambi mirsani saking pengilon supados boten dados watu. Banjur sirahipun Medusa kapenggal ngginakaken pedhang lan sirahipun dipunlebetaken dhateng kanthong kanggé nyimpen kala wau. Gorgon sanèsipun Stheno lan Euriale wungu nanging boten saged ningali Perseus amargi ngagem helm kegelapan [2].

Wonten ing margi kondur dhateng Serifoes, Perseus nglampahi manéka petualangan kados ta ngewahi Atlas dados watu, nylametaken Andromeda saking monster sagara kirimanipun Poseidon, tarung kaliyan Finius tiyang jaler ingkang remen ugi marang Andromeda. Sasampunipun kondur ing Serifoes, Perseus ngewahi Polidektes lan pendhèrèkipun dados watu. Lajeng nyaosaken sirahipun Medusa dhateng Athena lan dipunpasang ing Aigis.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1] Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine., (id) Konstelaso Perseus (dipunakses tanggal 25 Januari 2013).
  2. a b c d [2][pranala mati permanèn], (id) Konstelasi bintang fakta tentang rasi Perseus (dipunakses tanggal 25 Januari 2013).
pFad - Phonifier reborn

Pfad - The Proxy pFad of © 2024 Garber Painting. All rights reserved.

Note: This service is not intended for secure transactions such as banking, social media, email, or purchasing. Use at your own risk. We assume no liability whatsoever for broken pages.


Alternative Proxies:

Alternative Proxy

pFad Proxy

pFad v3 Proxy

pFad v4 Proxy